Rabu, 29 Juli 2009

Masjid Agung Kendal

MASJID AGUNG KENDAL
Peninggalan Wali Gembyang lan Wali Jaka

Wewangunan masjid ora bisa dipisahake karo alun-alun lan masjid nduweni arti panggonan sujud utawa shalat kanggo manembah ingkang hakarya jjagad yaiku Gusti Allah SWT lan masjid iku duwe arsitektur kan endah arsitektur gaya jawa. Masjid Agung Kendal biyen critane tinggalane Wali Gembyang lan Wali jaka iku uga bisa dadi sarana ngabdi (ibadah ) lan manengku puja antara manungsa karo Gustine.
Pancen durng ditemokake data kang kanggo mestekake kapan masjid tinggalane Wali Gembyang lan Wali Jaka iku didekake utawa kawitane panggonan iku digunakake dadi masjid.
Dikandakake/diceritakake, nalikane bali saka Kaliwungu menyang magangan, lan banjur menyang padepokan Ampelgading, padepokan Sunan Katomg, Wali jaka mesti mlaku-mlaku ora thu pisah karo tongkat kang kaya-kaya aep dadi pusakane. Dek biyen ceritane, Kali Kendal kang ana ing ngarep masjid Kendal iku asale saka usahane Wali Jaka kang narik tongkate awet saka Desa Magangan saiki. Tongkat ditarik nembus lemah ing pungaksane dadi kali lan sakbanjure dadi kali kang gede.
Nalikane arep nesrusake laku nggawe kali tekan segara dumadakan kekarepane Wali Jaka diendekake karo suarane ayam /pitik kang kluruk mratndani yen wektu subuh wis teka ( istilah jawane: Kamanungsan ) nalika semana Wali Jaka mandeg, terus wudhu lan azdzan ing panggonan iku.
Nalikane Wali Jaka adzan subuh, keprungu kaya ana wong sing njawabi adzane, nanging Wali Jaka kurang nggatekake, amarga deweke kudu khusuk adzan nganti rampung , sakwise adzan rampung dipungkasi karo dunga, banjur Wali Jaka nggoleki saka ngendi suara sing njawabi adzanne. Kamangka ing kiwa –tengene ora ana siji wong wae.
Sakwise rada suwe, pungkasane ketemu uga yen sing njawabi adzan iki yaiku Wali Gemyang utawa Syeh Abdullah, sak banjure karo-karone shalat subuh bareng-bareng jama’ah.
Masjid sing digunakake shalat subuh jama’ah yaiku sing saiki diarani Masjid Agung Kendal.
Mestine masjid iku iso kuncara lan maju amarga Wali Gembyang lan Wali Jaka ora leren-leren nyebarake agama Islam supaya masyarakat mlebu agama Islam kanti maca kalima syahadat
Sakliyane Wali Jaka gawe kali Kendal uga gawe Kali buntu sing saiki dadi desa Kali Buntu, sing lumrahe kali iku awit saka nduwur utawa pegunungan mili tumuju mengisor ngati tekan segara, ananging Kali Buntu iku bedha asale saka tengah-tengah kampong lan l muarane
Ing laut. Utawa sakwalike digawe awit saka arah segara lanm mandek inmg tengahe perkampungan., kanti kedadean kang kaya mengkana iku , mula kali iku dijenegke Kali Buntu.
Ana tambahan maneh yen kahanane Kali Buntu dadi kaya mengkono amarga Wali Jaka tansah kena girigodane Jin kang nduweni krenteh pingin dadi garwane. Jin wanita iku masyarakat Kendal sinebut : Sri Kemuning. Amarga ngrasa diganggu banjur anggone nerusake gawe kali dadi ora karuwan lan wusana kanti kahanan kang kaya mengkono.

Gladen 1.

1. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanti trep!
1. Apa isine wacan ing nduwur ?
2. Golekana telung alenia kang diarani dheduktif lan telung alenia kang indhuktif
3. Apa kang dadi cihase masjid Kendal?
4. Mratekake apa anane alun-alun lan Masjid Kendal ?
5. Kapan Massajid Kendal digawe?
6. Kepriye anggone mbangun Mesjid Kendal?
2. Gawea pitakon kang wangsulane kaya ukara ing ngisor iki !
1. arsitektur jawa
2. bisa dadi sarana ngabdi
3. masjid tinggalane Wali Gembyang lan Wali Jaka
4. saka usahane Wali Jaka
5. yen wektu subuh wis teka
6. amarga deweke kudu khusuk adzan nganti rampung
7. dipungkasi karo dunga
8. diarani Masjid Agung Kendal.
9. uga gawe Kali buntu
10. sinebut : Sri Kemuning

Tidak ada komentar:

Posting Komentar