Rabu, 29 Juli 2009

asal usul jeneng kutha Kendal

SUNAN KATONG LAN PAKUWAJA

Asal-usul Jeneng Kendal

Cerita-cerita tutur ngenani Sunan Katong lan Pakuwaja kang wis sumebar ing madyaning masyarakat, wondene Pakuwaja gelem mlebu agama Isalam umpamane Suanan Katong bisa ngalahake kasektene. Bundayudhane antara Sunan Katong lan Pakuwaja ora mung jiwa raga ananging nganti tumuju babagan olah batin. Oetilan cerita iki kurang luwihwe kaya mengkene:

“ Kanti direkake kanca loro lan siji sedulure bundayudhane antara Sunan Katong lan Pakuwaja dilakoni kanti tenanan ora mung etok-etokan . Bundayudhane wong-wong sekti sing ora kena didelok mata wong biasa kekarone oyak-oyakan awit saka ndharat nganti tumeka ana ing sak dhuwurw banyu kanti wektu suwe. Saksuwenw bondhoyuda Pakuwaja ora tahu menang malah kapara keplayu nganti umpetan. Ingkang ana pikirane Pakuwaja dikira Sunan Katong ora mangerteni anggomne Pakuwaja ndhelik.

Kebeneran banget rikala semono ana wit gedhe kang growing sedeng kanggo melebu wong, terus sak banjure wit growing mau kang ndhelik Pakuwaja kang ndhuweni pangarep-arep

Sunan Katong ora weruh. Umapamane pangarep arepe Pakuwaja iki bener mula bandhayuda dimenangake pakuwaja. Nanging kanti ilmu kang pinunjul kang dindhuweni Suanan Katong sing pungkasan cucu Raden Fatah kuwi kasil nemukake ndhelike Pakuwaja lan sakbanjure Pakuwaja pasrah utara nyerah karo Suanan Katong.

Koyodene janjine, sakbanjure Pakuwaja ngucapaken loro kalimah syahadat minangka tandha mlebune Islam. Karo Sunan Katong wit sing kango paanggonan umpetan Pakuwaja kuwi diparingi jeneng Wit Kendal ( Al-Qondal ) sing artine penerang. Ing papan kene iki Pakuwaja kabukak lan dadi terang sakteruse mlebu Agama Isalam. Wondene kali sing digawe pasulayan karo-karone priyayi iku diparingi jejeng Kali Kendal, yaiku kali kang misah antarane kutha Kendal, panggonane ing Masjid Agung Kendal. Pakuwaja kang sakdurunge karo masyarakat akeh diundang Empu Pakuwaja, wondene Sunan katomh maringi jeneng Pangeran Pakuwaja. Suwijinig pakurmatan amarga deweke bener-bener wong nignrat Mjapahit. Sakwise iku deweke milih manggon ana ing Desa Getas Kecamatan Patebon Kabupaten Kendal, lan kadang-kadang dewekw manggon ana ing padepokane sing manggon ana ing alas Sentir utawa gunung Sentir, lan sak banjure dadi siswane Sunan Katong. Wondene wit sing manggon ana ing sakkiwatengene wit Kendal diarani/dijenengi Kendalsari”.

Kendal, Mei 2008

Dari Gerbang Majapahit sampai pintu

Mataram Kendal seri 01

Karepta dening

Ahmad Hamam Rochani

Sakliyane crita ing nduwur ana crita maneh sing nyritakake Babad Kutha Kendal., crita iku kacuplik saka crita ing Kethoprak Wondene kurang luwihe cekake Critane mengkene:

“ Rikala semana ana salah sijine para Wali Sanga yaiku arane Kajeng Sunan Kalijaga duwe gaman kang banget ampuhe yaiku arane Keris Sabuk Inten. Kanjeng Sunan Kali Jaga duweni karep yen kerise kuwi pingin digaweakake duplicate ing salah sijine siswane kang dadi empu kondang utawa kang wis misuwur, yaiku jenenge Pakuwaja sakliyane kuwi Kanjeng Sunan Kalijaga duwe murid maneh jenenge Raden/Sunan katong, Raden Gembyang lan Raden/Wali Jaka.

Sawijining dina Kanjeng Sunan Kalijaga ndhawuhi para siswane yaiku Raden/Sunan katong, Raden Gembyang lan Raden/Wali Jaka. Dhawuhe mengkene “ He sira Katong, saiki sira dhak utus menyang omahe Pakuwaja amarga aku ndhadhakake tiruane Keris Sabuk Inten ning kono, jarene Pakuwaja suwene patang puluh dina keris wis dadi lan bakal diterake mrene, nanging nganti saiki miturut petungku wis ana patang puluh dina luwih kok Keris Sabuk Inten lan tiruane durung diterake mrene, yo wis kana ndhang jupuka saiki , ature Katong “ Inggih Kanjeng Sunan Kula ngestokaken dawuh, kula nyuwun tambahing pangestu, yo tak pangestuni muga-muga sira enggal entuk gawe.

Cekake crita Raden Katong wis tekan omahe Pakuwaja, banjur wawan pangandikan:

Raden Katong : “ Assalamu’alaikum “

Pakuwaja : “ Wa’alaikum salam “ O, Raden Katong kok njanur gunung wonten wigati

punapa nggih ?

Raden Katong : mekaten, kula dipun utus Kanjeng Sunan Kalijaga supados mendet Keris Sabuk Inten saha duplikatipun

Pakuwaja : O, Ingih sekedap kula pendetaken , niki ingkang asli, lan niki ingkang

duplikat( sakwise entuk gawe Raden Katong banjur nyuwun pamet mulih cepet-cepet nemoni Kanjeng Sunan Kalijaga )

Raden Katong : Assalamu’alaikum wr. Wb

Sunan Kalijaga : Wa’alaikum wr, wb. Kepriye sira Katong entuk gawe apa ora

Raden Katong : Alhamdulillahirrabbil ‘alamin pangestunipun kula angsal damel

Sunan Kalijaga : kene-kene jajal tak deloke kaya apa kerisse, lho sumurupa sira kabeh Katong,

Gembyang lan Jaka, keris sing mbok gawa iki karo-karone duplikat kabeh ora ana sing asli, ooo yen mengkono Pakuwojo wis mblenjani aku , wis ngene saiki ayoaku diderekake tak nemoni Pakuwojo ning ngomahe

Cekake crita Kanjeng Sunan Kalijaga karo para siswa tumuju ana ing omahe Pakuwaja, waktu semono, Pakuwaja wis krasa yen Kanjeng Sunan Kalijaga mesti arep ning omahe lan nesu amarga keris sing asli ora diwenehke, bareng Kanjeng Sunan Kalijaga wis tekan omahe Pakuwaja, deweke langsung mlayu karo nggawa keris sabuk inten, nalikane Pakuwaja mlayu kadenangan karo Sunan Kalijaga lan para siswane, banjur dioyak sak kecekele, ndhumadakan rikala semono ana wit kang gede banget kang growong bisa sedeng kanggo umpetan manungsa, ing kono Pakuwaja ndhelik, para siswa ora pada weruh ndhelike pakuwaja, ananging kanti kawaskinate Kanjeng Sunan kalijaga ndhelike Pakuwaja bisa dikaweruhi, ngendikane kajeng sunan kalijaga “ kae ana wit gede kang growong he… Katong lan sira kabeh kana cekelen pakuwaja ndhelik ana ing kana, inggih Kajeng Sunan (ature Raden

Katong ).

Sakwise dicekel Pakuwaja mbudidaya uwal saka cekelane Raden Katong lan wadya balane, ndumadhakan isa uwal, banjur Sunan Kalijaga ngendika “ yen ana rejaning jaman kene iki tak jenegke Kendal Growong “ nganti saiki katelah Kendal.

Pakuwaja mlayu nggembrit ngidul nganti tumeka Desa Singapadu sing saiki katelah Desa Sukadana Kecamatan Kendal, sing asal-usule desa kaya ngene, Pakuwaja kebingunangan banjur umpetan ning nggone Pak Singa lan Mbok Singo. Sanajan Pakuwaja arep umpetan ning ndiwae bakal kawestara anggone umpetan, Kanjeng Sunan Kalijaga banjur nekani omahe Pak Singa lan Mbok Singa banjur ngendika “ Pak Singa lan kowe Mbok Singa apa sira apa sira weruh anggone Pakuwaja umpetan “,Pak Singa lan kowe Mbok Singa ora njawabi pitakone Kanjeng Sunan Kalijaga, amarga arep njawabi bingung wusana pungkasane wong loro malah pada padu dewe-dewe, nalika semana Pakuwaja banjur mlayu metu saka lawang mburi, sakwise Pakuwaja lunga saka omahe Pak Singa lan Mbok Singa banjur Kanjeng Suanan ngendika yen ana rejaning jaman kene iki tak jenengke Desa Singo padu sing saiki jenenge Desa Sukadana.

Pakuwaja anggone mlayu nganti tumeka desa Kaliwungu kang asal-usule critane kaya mengkene: “ Nalika semono pakuwaja wis kentekan dalan ora isa mlayu maneh amargo dikepung wong pirang-pirang ing antara Kanjeng Sunan kalijaga , Raden katong, Raden Gembyang lan Raden joko, wusana dadi bandhayuda antarane Pakuwaja lan Raden Katong, bundhayuda ing ndharat nganti ana ing tengahe kali kekarone nganti suwe anggone bandhayudha amarga kekarone pada degdayane, Pakuwaja ngunus Keris Sabuk Inten ditancepake ana ing awake Raden Katong, semono uga Raden Katong ngunus keris sing kanggo sipat piyandele lan dincepake ana ing awake pakuwaja nganti karo-karone tumekaning pralaya sampyuh ing saktengahng kali, nalika semono warnae banyu kali warna ungu , banjur Kanjeng Sunan Kalijaga ngendika “ kene iki yen ana rejaning jaman tak jenengke Desa Kaliwungu.

Mengkono crita ketorpak sing tak rungokake wondene bener orake crita Wallahu”alam bishshawab.

Kendal, Mei 2009

Sing ngrungokake cerita

Rozikin AR

Gladhen 1

Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki nganggo basa karma alus!

1. Apa sing dadi penjaluke Pakuwaja marang Suanan katong?

2. Apa mwae Bandhayudha kekarone sing dilakoni ?

3. Anggone bandhayudha dikancani sapa wae ?

4. Anggone bandhayudha ana ing ngendi wae ?

5. Wusanane sapa sing menang anggone bandhayuda ?

Gladhen 2

Tembung kang kagaris ngisore tegesana kanti bener !

1. nyritakake Babad Kutha Kendal.,

2. Kanjeng Sunan Kalijaga ndhawuhi

3. nganti saiki miturut petungku

4. Kepriye sira Katong entuk gawe apa ora

5. O, Raden Katong kok njanur gunung

6. ngene saiki ayo aku didherekake arep menyang omahe Pakuwaja

7. wusana pungkasane wong loro malah pada padu dewe-dewe,

8. Pakuwaja lan Raden Katong, bandhayuda

9. amarga kekarone pada degdayane

10. karo-karone tumekaning pralaya sampyuh

1 komentar:

  1. Matur nuwun............
    gladhene dipun garap Pak?
    kq kathah sanget?

    BalasHapus