Jumat, 26 Juni 2009

Seratan Jawi

SERATAN JAWI

Kawruh basa kanggo ngelingake tembung saka basa jawa kang wis ora lumrah diucapake
Kabenan - kebanjiran
Gisik - pantai
Nuweni - menjenguk
Kancil - pelanduk
Kesupen - lupa
Ajen ingajenan - saling menghargai
Di wadani - di ece, di kritik
Wasis – pinter

Atur pangandikan

Ing jaman globalisasi punika budaya satunggaling bangsa saged kalindhih dening budaya sanes ingkang langkung prakoso. Budaya ingkang kalindhih kala wau, racakipun, budaya ingkang mboten kasengkuyung dening bebrayanipun, sauger bebrayan taksih kersa anyengkuyung budayanipun, tangeh lamun menawi satunggaling budaya badhe kalindhes budaya sanes. Makaten ugi satunggaling basa, ingkang kalebet peranganipun budaya, inggih saged kalindhih basa sanes ingkang langkung kiyat. Sumangga kita nyengkuyung budaya jawa supados budaya menika luwih luwih basa jawa mboten kalindhes dening budaya liya.

Dentyawanjana iku asale saka tembung denta lan wyanjana. Denta tegese untu dene wyanjana kuwi tegese aksara. Dentyawanjana kuwi duwe teges aksara untu ing jaman saiki, aksara untu utawa dentyawanjana iku diarani carakan, aksara hanacaraka utawa aksara jawa.
Aksara iki uga diarani aksara ajisaka, jalarane aksara hanacaraka dicundukake karo dongeng lelakone ajisaka. Isine dongeng nyritakake kasetyaning dora lan sembada marang ajisaka nalika jaman prabu dewata cengkar.
Dongenge mangkkene :
Hana caraka : ana carakan ( duta, yaiku dora lan sembada minangka utusan saka ajisaka )
Data sawala : ( duta loro ) padha sulaya utawa gegeran ( sing siji netepi prasetya njaga pusakane ajisaka, sing liyane diutus njupuk keris )
Padha jayanya : padha sektine, padha digdayane, padha jayane ( ora ana kang menang utama kasoran )
Maga bathanga: ( wusana ) padha dadi bathang ( mati, sampyuh, mati bareng )

SESANTI :

Mangajapa marang gebyaring kadonyan
Ning aja nglunturake kejatening paseduluran

Mangajapa marang samu barang kawruh
Ning aja ndadeake gedhening pangrasa

arjuna_muj48@yahoo.com
dwija basa Jawa SMK Bina Utama-Kendal

Tidak ada komentar:

Posting Komentar